Senin, 14 November 2011

KALI CILIWUNG
Karya Irul S Budianto

kali ciliwung isih panggah mili
saurute kekarepan sing kadhung diutuni
ngelebi rengkaning tanah pujangga
saiki ditinggal mlayu ahli waris
nyisaake gemontange jerit lan tangis
nyogrok dhadha

kali ciliwung isih panggah mili
bareng abyore lintang katresnan
lan guritan pisungsung dadi seksi
lamun labuh-labet bakal cinathet ing prasasti
tan nate gapuk kepangan ganase zaman

kali ciliwung, o, kali ciliwung
dumadakan iline nyeret tangis layung-layung
lamun urip satemenewis pinesti sang Illahi
dawa cendhake umur mung kari nglakoni

(liwat iline kali ciliwung
dak kentirake wangine kembang
donga kaswargan!)

Sukoharjo, 29 maret 2005
Sumber majalah Panyebar Semangat Edisi 18 30 april 2005

Tidak ada komentar:

Posting Komentar