Senin, 14 November 2011

G U S T I
Karya Davit Harijono

gusti,
aku wis kaweden wengi iki
kaya wengi – wengi sadurunge
nalika adzan wis ilang
lan langit wis ganti gambare
widadari wis ilang swarane

gusti,
wis kewirangan saiki
impen – impen sengit sing kokparingake
sasmita – sasmita lungit sing kokbeberake
ing papan lungguhku anget dening kringet
pating clekit tinggimu
gawe ora jenjemku

gusti,
apa isih ana kalodhangan
raiku wis kaku dening sakeh dedosa sing bakal walaka
mobah mosiking tangan lan sikilku
wis ora bisa dakduwa
mbabar crita wingi uni
ing mangsa rembulan ndadari aku
tinggal glanggang

gusti ,
pasaku dadi saya sepi
sepa adoh saka swaraning darus
lan tekdhur iku mung dadi klothekane wong kampong
ngoyak ndruwo
mung liwat bolonganing atiku

malah akeh sing padha lungguh medhingkrang
masang pangilo burek ing sangareping dhapukan
padha rerasan urip iku tata liar
apa arep nggayuh sampurnaning batin
yen sanggan iki dadi abot tekan mbun mbunan?
ora riyayan ora gatelen. Klambi wingi isih sedheng
yen geni ing pawon kae ora murub, apa arep
kokgrujuk banyu?

Tengah ramadhan, 1426 H
Sumber Majalah Jaya Baya Edisi 10 – 11 Minggu I-II Nopember 2005

Tidak ada komentar:

Posting Komentar