Senin, 14 November 2011

Jagoku


Jago kluruk wayah esuk
mawa tengara kang tidhem premanem
pangribawane sumrambah ngebaki donya

kalane jago padha kluruk lan kodhok padha ngorek
kena wae aku lank owe bebarengan ngimpi
jago kluruk wayah esuk
nyimpen greget kang ora nglokro
ngemu pangarep arep kang isih dawa
yen bakal ana dina padhang trawangan

nanging nalika klambi dhines tumemplek neng awak
ing kono wis dudu impene wong turu
ngelingana jago sing tansah kluruk
maweh semangat kang ora bisa nglumpruk

kajaba sesanggeman abot kang sumandhang
amrih wujud impene masyarakat sing butuh pangayoman
Kalane jago padha saba ing kono
kelingan kabutuhane warga
Saiki jago padha kerig ngumpulke tenaga
klambi dhines kang sumebar sanegara
ing kene diwaca pira ajine

jago kang padha kluruk aja pisan kumalungkung
kaprayitnan elingana
negarmu durung aman
isih akeh bangsa kewan galak
kang ngelak daging getihmu

Suwardi
Ngayogyakarta, 6 Januari 06
Panjebar Semangat-7/2007

Tidak ada komentar:

Posting Komentar