Senin, 14 November 2011

G U R I T
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik
ing tengah sawah ing antarane kemreceke manuk emprit ngonceki gabah

gurit mung papan kanggo istirah
kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah

gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik ing tengah sawah
ramerame mbakar jagung nyadhong wangsit
gendhakan dhedhemitan
gendhakan karo dhemit
dhemit gendhakan
ing gubug cilik ing tengah sawah

gurit mung papan kanggo istirah
tembungtembug ukaraukara padha sayah
sawise dirodhapeksa diajak nyebarake dora
apuskrama lan pitenah

gurit mung papan kanggo istirah

17 januari 1988
KALI CILIWUNG
Karya Irul S Budianto

kali ciliwung isih panggah mili
saurute kekarepan sing kadhung diutuni
ngelebi rengkaning tanah pujangga
saiki ditinggal mlayu ahli waris
nyisaake gemontange jerit lan tangis
nyogrok dhadha

kali ciliwung isih panggah mili
bareng abyore lintang katresnan
lan guritan pisungsung dadi seksi
lamun labuh-labet bakal cinathet ing prasasti
tan nate gapuk kepangan ganase zaman

kali ciliwung, o, kali ciliwung
dumadakan iline nyeret tangis layung-layung
lamun urip satemenewis pinesti sang Illahi
dawa cendhake umur mung kari nglakoni

(liwat iline kali ciliwung
dak kentirake wangine kembang
donga kaswargan!)

Sukoharjo, 29 maret 2005
Sumber majalah Panyebar Semangat Edisi 18 30 april 2005
MARANG SANG GURU

Apa ana wewarah kang bisa
Njlentrehake werdine subasita
Iki ana bocah kepengin melu obah
Nanging mbutuhake patuladhan
Mungguh kepriye carane mapanake dhiri
Kapan kudu keras budi
Kapan kudu nyelehake ati

Srengengene mumbul ana ing aksara timur
Bakal ginayuh bareng undhake umur
Endi wewarah nyata kang nguwatke
Cipta rasa lan karsa, dak gadhang – gadhang
Bisa mekarke esem manis kang tulus
Senajan lagi nandhang prihatin
Kardono, Jaya Baya, 27, 2 Maret 1997
DAVIT HARIJONO:
GEGURITAN IKI

Angin. Wengine dadi dawa dening sepi kangen wening ilang dening prabawaning lintang panjer rina lan rembulan mesem ing walik mega
Biru kapangku. Kandel kangenku ing endahe katresnan ing surake kamardikan amarga mendhung ngendanu wus kesaput ketiga panjang
Panas sumelet iki kaya pamecut makantare kasaguhan. Srengenge kuning kae dadi piyandel samangsa gothang rasaku gumontang lurung atiku
Siksanen aku kanthi kapang awit iki ngumandhang dadi pambombong anyar. Sisihna katresnan iki kanthi rasa wedi lan sepi sebab ing gisik samodra gung asih mu aku bisa sinau maneh bisa milahi geguritan maneh. Nadyan mung kumampul baita gurit ku ing gedhene alum endah gurit mu
Iki aku. Lelumban ambyur ing segara mu. Adus pliket nyawiji jijik jember karob ing lendhut litheg maniking ngelmu lungit mu
Angin, engine dadi dawa dening sepi kangen wening ilang dening prabawaning geguritan iki geguritan mu .

Pawiyatan manis,0705
JAMAN IKI WIS BANGET TUWA
dening : Turiyo ragil putra

Ngger,anakku
jaman iki wis tuwa
kabudayan wis rontang-ranting
mung kari crita
aja maneh sinom,dhandanggula,utawa gambuh
salarik guritan wae wis ora ana sing nganggep
kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
sing setya ngrengganisepine wengi
binareng angambare cempaka sari
wis ora ana tembang kinanthi
sing mbiyen tansah methuk eseme rembulan
nalika bocah-bocah dolanan jamuran
wis ora ana, ngger
kajaba swarta tangis
G U S T I
Karya Davit Harijono

gusti,
aku wis kaweden wengi iki
kaya wengi – wengi sadurunge
nalika adzan wis ilang
lan langit wis ganti gambare
widadari wis ilang swarane

gusti,
wis kewirangan saiki
impen – impen sengit sing kokparingake
sasmita – sasmita lungit sing kokbeberake
ing papan lungguhku anget dening kringet
pating clekit tinggimu
gawe ora jenjemku

gusti,
apa isih ana kalodhangan
raiku wis kaku dening sakeh dedosa sing bakal walaka
mobah mosiking tangan lan sikilku
wis ora bisa dakduwa
mbabar crita wingi uni
ing mangsa rembulan ndadari aku
tinggal glanggang

gusti ,
pasaku dadi saya sepi
sepa adoh saka swaraning darus
lan tekdhur iku mung dadi klothekane wong kampong
ngoyak ndruwo
mung liwat bolonganing atiku

malah akeh sing padha lungguh medhingkrang
masang pangilo burek ing sangareping dhapukan
padha rerasan urip iku tata liar
apa arep nggayuh sampurnaning batin
yen sanggan iki dadi abot tekan mbun mbunan?
ora riyayan ora gatelen. Klambi wingi isih sedheng
yen geni ing pawon kae ora murub, apa arep
kokgrujuk banyu?

Tengah ramadhan, 1426 H
Sumber Majalah Jaya Baya Edisi 10 – 11 Minggu I-II Nopember 2005
TAPEL WATES

Dudu prakarane langit nalika lintang nangis
Dudu prakarane bumi nalika angina kakipa
Awit saben donga wis ngerti dalan lan wektune
Uga kudu aweh wektumarang hawa nyaring kamursidan ing antarane lebu ireng

Ora gampang ngener ampang
Lan butuh dawaning tekad lan kencenging pambudi
Nganti doyan marani pati!

Sanggar imajiner,Agustus 2005


Sumber Majalah Jaya Baya edisi 52 Minggu IV Agustus 2005
Jagoku


Jago kluruk wayah esuk
mawa tengara kang tidhem premanem
pangribawane sumrambah ngebaki donya

kalane jago padha kluruk lan kodhok padha ngorek
kena wae aku lank owe bebarengan ngimpi
jago kluruk wayah esuk
nyimpen greget kang ora nglokro
ngemu pangarep arep kang isih dawa
yen bakal ana dina padhang trawangan

nanging nalika klambi dhines tumemplek neng awak
ing kono wis dudu impene wong turu
ngelingana jago sing tansah kluruk
maweh semangat kang ora bisa nglumpruk

kajaba sesanggeman abot kang sumandhang
amrih wujud impene masyarakat sing butuh pangayoman
Kalane jago padha saba ing kono
kelingan kabutuhane warga
Saiki jago padha kerig ngumpulke tenaga
klambi dhines kang sumebar sanegara
ing kene diwaca pira ajine

jago kang padha kluruk aja pisan kumalungkung
kaprayitnan elingana
negarmu durung aman
isih akeh bangsa kewan galak
kang ngelak daging getihmu

Suwardi
Ngayogyakarta, 6 Januari 06
Panjebar Semangat-7/2007
Lan aku kelingan marang guritmu
Gurit sing ora tak ngerteni maknane
Kejaba sawijining parikan, sawijining sanepan
Sing kebak rasa kapang
Lan rasa panuwun, Marang urip
Lan sang Hyang

Ning saiki sakwuse pirang-pirang abad
Ngumbara. Dumadakan banjur krasa kaendahane
Sing mbujuk lakuku
Nuntun atiku
Sedheku. Ing ngarepE

Dening:Arief Mulyarto
Penjebar Semangat, Edisi 25, 24 Juni 2006
MANGSA NGERTIA
Rini T Puspo
Majalah Panjebar semangat
No 24 16 Juni 2007

Ditangisana mangsa weruha
dioyak mangsa ngertia
ora bakal mandheg tumoleh
saderma miling tembung warisan

ora kleru, ngetut lakune jaman
mbujung impen lan kekarepan
awit jantraning ngaurip
manut obah osiking kahanan

pitakonku:
nganti kapan anggonmu lumayu?
nganti ancik-ancik menara gadhing?

ngemut legine gula
eman nglepeh yen manis dirasa

aja dadi pepalang tembung kang karungu
terus, terusa jumangkah
mapag esem guyu
wanti-wanti welingku: keduwung tibane mburi
RAMA SHINTA

Uripna uripe damar ing telenging jiwa
Shinta, jalaran aku asipat langit
Lan sliramu iku critane bumi
Awan lan wengi pinesthi
Manunggal ing donya langit
Ngrukti wiji wijiling rasa

Katresnan ora bakal pinisah
Samodra bawera lan alas gung
Shinta, dheweke mardika
Menyang endi kudu tumiba
Kaya lumepase warastra
Ngaras akasa

Dening: Widodo Basuki
Meditasi Alang- Alang, Kumpulan Geguritan 2004

SEDYAKU

SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…

DALAN OMBAK-Sidoarjo, 2007

DALAN OMBAK

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina

Sidoarjo, 2007

UDAN WAYAH SORE



UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu

SEPI

  SEPI

iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo....

langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...

yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti...
nadyan getir rasaning ati....

sepi....
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo...
Eluh iki wis gak nate tumetes..
prasasat garing najan ing mongso rendeng.
Jembaring tegal wus tak pecak i..
Dawaning dalan wus tak lakoni..

Ananging...
Durung ono gegayuhan kang rinengkuh..
tumraping sangu ing mongso sesuk..
opo maneh kanggo darmo bhekti maring nuswantoro.

duh Gusti Akaryo Jagad..
Mugi Panjenengan tuntun kawulo dumateng margi ingkang lere...

RON GARING - Budhi setyawan

RON GARING



Wengi sansaya atis

nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

kang digawa dening angin



prasasat tan kendhat

anggonku kulak warta adol prungu

ananging isih mamring



aku wis pingin cecaketan

obormu kang makantar-kantar

madhangi jangkah lan jagatku



ana ngendi papanmu

lelana tapa brata

tanpa pawarta tanpa swara



aku kadya ron garing

kumleyang kabur kanginan

ing jagat peteng lelimengan



krasa luwih abot

anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

mlakuku ora mantep



kagubet ribet lan ruwet

adoh saka cahyamu

pedhut ing sakindering pandulu



panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

[i]Pengarang[/i] : Budhi setyawan
http://www.budhisetyawan.wordpress.com

Pangeran Diponegoro-Geguritan

Pangeran Diponegoro
Raga nata
Nala kawula
Ora lila
Taker ludira
Nggusah penjajah Walanda
Saka bumi Nuswantara
Runtiking ati
Pirsa solahing kumpeni
Sawiyah marang bumi lan abdi
Labuh pati ndhepani pertiwi
Tan ngetang kurbaning picis
Tan miris landheping mimis
Nganti tumeka ing lalis
Tumpes tapis
Penget tumrap para mudha
Mrih nulad anuladha
Labuh bangsa mbangun praja
Mbrastha durmalaning negara