Senin, 14 November 2011

G U R I T
gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik
ing tengah sawah ing antarane kemreceke manuk emprit ngonceki gabah

gurit mung papan kanggo istirah
kanggo sayah apa kanggo kang makarya wegah

gurit mung papan kanggo istirah
kayadene gubug cilik ing tengah sawah
ramerame mbakar jagung nyadhong wangsit
gendhakan dhedhemitan
gendhakan karo dhemit
dhemit gendhakan
ing gubug cilik ing tengah sawah

gurit mung papan kanggo istirah
tembungtembug ukaraukara padha sayah
sawise dirodhapeksa diajak nyebarake dora
apuskrama lan pitenah

gurit mung papan kanggo istirah

17 januari 1988
KALI CILIWUNG
Karya Irul S Budianto

kali ciliwung isih panggah mili
saurute kekarepan sing kadhung diutuni
ngelebi rengkaning tanah pujangga
saiki ditinggal mlayu ahli waris
nyisaake gemontange jerit lan tangis
nyogrok dhadha

kali ciliwung isih panggah mili
bareng abyore lintang katresnan
lan guritan pisungsung dadi seksi
lamun labuh-labet bakal cinathet ing prasasti
tan nate gapuk kepangan ganase zaman

kali ciliwung, o, kali ciliwung
dumadakan iline nyeret tangis layung-layung
lamun urip satemenewis pinesti sang Illahi
dawa cendhake umur mung kari nglakoni

(liwat iline kali ciliwung
dak kentirake wangine kembang
donga kaswargan!)

Sukoharjo, 29 maret 2005
Sumber majalah Panyebar Semangat Edisi 18 30 april 2005
MARANG SANG GURU

Apa ana wewarah kang bisa
Njlentrehake werdine subasita
Iki ana bocah kepengin melu obah
Nanging mbutuhake patuladhan
Mungguh kepriye carane mapanake dhiri
Kapan kudu keras budi
Kapan kudu nyelehake ati

Srengengene mumbul ana ing aksara timur
Bakal ginayuh bareng undhake umur
Endi wewarah nyata kang nguwatke
Cipta rasa lan karsa, dak gadhang – gadhang
Bisa mekarke esem manis kang tulus
Senajan lagi nandhang prihatin
Kardono, Jaya Baya, 27, 2 Maret 1997
DAVIT HARIJONO:
GEGURITAN IKI

Angin. Wengine dadi dawa dening sepi kangen wening ilang dening prabawaning lintang panjer rina lan rembulan mesem ing walik mega
Biru kapangku. Kandel kangenku ing endahe katresnan ing surake kamardikan amarga mendhung ngendanu wus kesaput ketiga panjang
Panas sumelet iki kaya pamecut makantare kasaguhan. Srengenge kuning kae dadi piyandel samangsa gothang rasaku gumontang lurung atiku
Siksanen aku kanthi kapang awit iki ngumandhang dadi pambombong anyar. Sisihna katresnan iki kanthi rasa wedi lan sepi sebab ing gisik samodra gung asih mu aku bisa sinau maneh bisa milahi geguritan maneh. Nadyan mung kumampul baita gurit ku ing gedhene alum endah gurit mu
Iki aku. Lelumban ambyur ing segara mu. Adus pliket nyawiji jijik jember karob ing lendhut litheg maniking ngelmu lungit mu
Angin, engine dadi dawa dening sepi kangen wening ilang dening prabawaning geguritan iki geguritan mu .

Pawiyatan manis,0705
JAMAN IKI WIS BANGET TUWA
dening : Turiyo ragil putra

Ngger,anakku
jaman iki wis tuwa
kabudayan wis rontang-ranting
mung kari crita
aja maneh sinom,dhandanggula,utawa gambuh
salarik guritan wae wis ora ana sing nganggep
kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
sing setya ngrengganisepine wengi
binareng angambare cempaka sari
wis ora ana tembang kinanthi
sing mbiyen tansah methuk eseme rembulan
nalika bocah-bocah dolanan jamuran
wis ora ana, ngger
kajaba swarta tangis
G U S T I
Karya Davit Harijono

gusti,
aku wis kaweden wengi iki
kaya wengi – wengi sadurunge
nalika adzan wis ilang
lan langit wis ganti gambare
widadari wis ilang swarane

gusti,
wis kewirangan saiki
impen – impen sengit sing kokparingake
sasmita – sasmita lungit sing kokbeberake
ing papan lungguhku anget dening kringet
pating clekit tinggimu
gawe ora jenjemku

gusti,
apa isih ana kalodhangan
raiku wis kaku dening sakeh dedosa sing bakal walaka
mobah mosiking tangan lan sikilku
wis ora bisa dakduwa
mbabar crita wingi uni
ing mangsa rembulan ndadari aku
tinggal glanggang

gusti ,
pasaku dadi saya sepi
sepa adoh saka swaraning darus
lan tekdhur iku mung dadi klothekane wong kampong
ngoyak ndruwo
mung liwat bolonganing atiku

malah akeh sing padha lungguh medhingkrang
masang pangilo burek ing sangareping dhapukan
padha rerasan urip iku tata liar
apa arep nggayuh sampurnaning batin
yen sanggan iki dadi abot tekan mbun mbunan?
ora riyayan ora gatelen. Klambi wingi isih sedheng
yen geni ing pawon kae ora murub, apa arep
kokgrujuk banyu?

Tengah ramadhan, 1426 H
Sumber Majalah Jaya Baya Edisi 10 – 11 Minggu I-II Nopember 2005
TAPEL WATES

Dudu prakarane langit nalika lintang nangis
Dudu prakarane bumi nalika angina kakipa
Awit saben donga wis ngerti dalan lan wektune
Uga kudu aweh wektumarang hawa nyaring kamursidan ing antarane lebu ireng

Ora gampang ngener ampang
Lan butuh dawaning tekad lan kencenging pambudi
Nganti doyan marani pati!

Sanggar imajiner,Agustus 2005


Sumber Majalah Jaya Baya edisi 52 Minggu IV Agustus 2005